Materi Teks Pawarta
KD
3
PAWARTA
1.
Pangertene
Pawarta
Pangertene pawarta miturut
ahli-ahli:
a.
Earl English lan Clarence Hach pawarta iku angel ditegesi
amarga ngemot variabel kang akeh.
b.
Nothclife ngandharake pangreten pawarta babagan unsur
keanehan utawa ketidaklaziman, mula bisa gawe narik kawigaten lan rasa kepengin
ngreti.
c.
M. Lyle Spencer dkk ngandharake pawarta yaiku laporan
babagan sawijining kadadeyan kang bisa narik kawigaten pamaose.
d.
Mitchel V. Charnley ngandharake pawarta yaiku laporan paling
cepet saka sawijining kadadeyan utawa prastawa kang faktual, penting, lan narik
saperangan gedhe pamaose, sarta magepokan karo kebutuhnae pamaose.
Saking pangreten para ahli saged
didudud yaiku informasi anyar utawa
informasi ngennani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud
cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri), yaiku:
a.
Tinemu ing akan (penalaran
logis)
b.
Informasi pepak
kang jumbuh karo rumus 5W + 1H
c.
Struktur basa
trep
d.
Diksi trep ora
ambigu
e.
Narik kawigaten
f.
Basa kang nengsemake
2. Perangane Teks Pawarta
Headline (judul/irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : (1)
nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta
kang dianggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar.
Deadline
Ancas deadlineyaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng
media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal
kedadeyan.
Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf
kapisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta,
kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta
Body (tubuh/surasane pawarta)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa
kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body minangka pangembange pawarta.
3. Unsur2 Pawarta
Unsur-unsur/kaidah/struktur pawarta bisa ditulis dadi 5W
+ 1H, yaiku:
a. What :
kadadean apa sing diwartakake
b. Who : sapa
sing ana ing sajroning kadadean iku
c. When : kapan
kadadeane
d. Where : ing
ngendi kadadeane
e. Why : genea
bisa kadadean mangkono
f.
How : kepriye kadadeane
Tuladha
analisis unsur pawarta:
Solo
Punjering Gamelan kang Adiluhung
Warga Kutha Solo dadi seksi pahargyan ageng seni budaya
kanthi irah-irahan Internasional Gamelan
Festival (IGF)
kang kawiwitan dina iki, Kemis (9/8/2018) tumeka Kemis (16/8/2018). Pagelaran
kang ngangkat tema, Home Coming utawa gamelan bali mulih ing papan
asale, bakal karegengake udakara sewu pangrawit lan satusan pepanthan karawitan
saka njeron rangkah Nusantara lan mancanegara.
Miturut panitya pagelaran IGF, ana 19 pepanthan
karawitan saka mancanegara kang kapesthekake bakal mamerake kawegigan nabuh
gamelan. Bisa kasebut ing antarane saka Inggris, Walanda, Amerika Serikat,
Hungaria, Thailand, Singapura, Irlandia, Malaysia, lan Jepang. Dene karawitan
saka njeron rangkah ana 47 pepanthan, kalebu karawitan Kasultanan Cirebon;
Banjar, Kalimantan Selatan; Solo, lan Ngayogyakarta. Saliyane iku katambah 73
pepanthan kang bakal mbuka adicara ing dina Kemis Sore.
Salah sawijining dewan kurator IGF, Joko S Gombloh, nalika
ditemoni solopos.com, Jemuah
(13/7/2018), ngandharake bakal ana sangang panggung pagelaran kang kasebar ing
papan-papan adhakan ing Kutha Solo. Kasebutake, kayata ing Benteng Vastenburg,
Balai Kota, Teater Besar lan Kecil Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Balai
Sudjatmoko, Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT), Aula Fakultas Hukum UNS, Rumah
Banjarsari, lan Omah Sinten.
Ora amung pagelaran karawitan wae kang bakal kababar ing IGF,
ananging uga ana rerangken adicara ngenani budaya, kayata konferensi,
pameran, anjangsana situs, film, babaran buku, lan sastra. “Ing festival agung iki ora amung nggelar
karawitan. Nanging ana pirang-pirang adicara liya kang kaangkah kabeh bisa
narik kawigatene warga. Adicara iki pancen nguras tenaga. Kabeh kasiyapake luwih
saka setahun kepungkur,” tuture Joko.
Jaman saiki akeh
seniman manca kang nyinau lan gladhen gamelan. Saiki wancine gamelan bali mulih
ing papane. Adicara iku uga bukti menawa Kutha Solo diakoni dadi punjering
gamelan. Pirang-pirang
pangrawit kang asmane kuncara lahir ing Kutha Solo, ing antarane Rahayu
Supanggah. “Muga-muga adicara iki bisa ana sumbang sih saka budaya gamelan
marang rasa kamanungsan lan peradaban donya
ing jaman saiki lan sabanjure.”
Analisis unsur-unsur pawarta:
a.
What: pahargyan ageng seni
budaya kanthi irah-irahan Internasional
Gamelan Festival (IGF)
b. Who: Joko S Gombloh Salah
sawijining dewan
kurator IGF,
c.
When: Kemis
(9/8/2018) tumeka Kemis (16/8/2018).
d. Where: adicara IGF kasebar ing papan-papan adhakan ing Kutha Solo kayata Benteng Vastenburg, Balai Kota, Teater Besar lan
Kecil Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Balai Sudjatmoko, Taman Budaya Jawa
Tengah (TBJT), Aula Fakultas Hukum UNS, Rumah Banjarsari, lan Omah Sinten.
e. Why: adicara
IGF dilaksanakake amargi kathat seniman manca kang nyinau lan gladhen gamelan.
Saliyane kuwi uga kanggo bukti menawa Kutha Solo diakoni dadi punjering gamelan.
f.
How: Ora amung pagelaran karawitan wae kang
bakal kababar ing IGF, ananging uga ana rerangken adicara ngenani budaya,
kayata konferensi, pameran, anjangsana situs, film,
babaran buku, lan sastra.
4.
Teknik Maca Pawarta
Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan/teknik supaya kang
ngrungokake isa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni.
Kaprigelan/teknik kasebut kaya andharan iki.
a. Nggunakake pangucap kang trep
b. Pamedhote frasa kang trep
c. Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
d. Ngreteni tandha wacan kanthi trep
e. Swara kang cetha
f.
Ekspresi kang
trep
g. Ngatur alon lan cepete pamaca
h. Ngolah treping mlebu wetuning napas
i.
Mahami wacan
j.
Percaya marang
dhiri pribadi
5.
Teknik nulis pawarta
a.
Pengorganisasian/ngumpulake
fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawan rembug (wawancara), kadadeyan langsung,
utawa data-data tinulis.
b.
Nemtokake
teras berita (lead)
c.
Milih
tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja
molak-malik supaya ora mbingungake pamiyarsane.
d.
Ngawiti
nulis kanthi temenan.
6.
Unggah-Ungguh Basa
Pawarta basa Jawa bisa ditulis
nganggo ragam ngoko lan krama. Mula setitekna andharan unggah-ungguh basa ing ngisor iki!
Miturut Sudaryanto
unggah- ungguh kapreang dados kalih, yaiku: ngoko lan krama. Ngoko kaperang
malih dados ngoko/ngoko lugu lan ngoko alus. Krama kaperang malih dados krama
lugu lan krama alus
1.
NGOKO/NGOKO LUGU
Kanggone:
•
Sapadha-padha kang wis kulina
•
Bocah karo bocah
•
Wong tuwa marang bocah
•
Guneman dhewe
Tuladha:
•
Paijo:
“Kowe mulih jam pira?”
•
Bejo :
“Wah...ketoke wengi!”
2.
NGOKO ALUS
TEMBUNGE NGOKO
(awake dhewe) DICAMPUR KRAMA INGGIL
(sing diajak guneman)
Kanggone:
•
Padha tuwane (ibu marang bapak)
•
Wong tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur (piyayi sepuh marang pak bayan isih enom)
•
Priyayi padha priyayi sing wis kulina
Tuladhane:
•
Ibu :
“Wis dahar durung, Pakne?” (Ngoko alus)
•
Pak :
“Uwis mau dijajakne Pak Tentrem.”
3.
KRAMA/KRAMA LUGU
KABEH TEMBUNGE KRAMA
Kanggone:
•
Wong kang nembe tetepungan
•
Wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni (wong
tuwa marang putrane pak lurah sing luwih enom)
•
Wong enom marang wong tuwa nanging ura pati ngajeni
(raden marang abdine)
Tuladhane:
•
Budhe:
“Mbak Sekar, sampeyan sampun tumbas buku?” (Krama)
•
Sekar:
“Dereng, Budhe, mangke sonten mawon.” (Putrane
Pak Lurah)
4.
KRAMA ALUS
TEMBUNGE KRAMA
INGGIL (diajak guneman) KACAMPUR KRAMA (awake dewe)
Kanggone:
•
Bocah marang wong tuwa
•
Andhahan marang dhuwuran
Tuladhane:
•
Siswa:
“Sugeng siang, Kundur Pak? Kula nggih badhe mantuk.”
•
Pak Guru: “Iya...sing
ati-ati anggone nitih motor.”
9.
Gladhen
Kompetensi
I.
Pilihen
salah siji wangsulan sing paling bener kanthi menehi tanda silang (X) ing
aksara A, B, C, D, utawa E!
1. Pawarta yaiku laporan paling cepet saka sawijining kadadeyan utawa
prastawa kang faktual, penting, lan narik saperangan gedhe pamaose. Pangerten
menika andharanipun ahli....
A. Mitchel
V.Charnley
B. Earl
English lan Clarence Hach
C. Nothclife
D. M.Lyle
Spencer
E. Willard
C. Bleyer
2. Teks pawarta ing ngisor
kangge pitaken nomer 19 – 21!
Solopos.com,
SOLO Kemis (22/11/2018) -- Kahanan jaman saiki gebyar tata lan laire pancen
katon maju lan modheren. Apa wae sarwa gampang. Bisa dilakoni kanthi ngandelake
teknologi. Nanging menawa kawawas babagan budaya, mligine budi pakarti, lan
tatakrama, ing jaman saiki katon mundur. Kepara wis padha lali, malahan akeh
sing nyingkur.
Bisa disurasa saka
pawarta-pawarta sing kapacak ing media massa saiki. Akeh tindak culika wiwit
saka korupsi, colong jupuk, nganti paten-pinaten. Sing marai ngelus dhadha,
wong kang nerak paugeran iku ora mung wong tuwa, nanging bocah welasan taun
sing kudune isih sinau ing papan sekolahan tegel nglakoni tumindak ala kasebut,
saengga padha mlebu pakunjaran.
Gubernur
Daerah Istimewa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengkubuwono X nalika orasi budaya ing
adicara ambal warsa Universitas Muhammadiyah Yogyakarta (UMY) ngandharake
menawa pendhidhikan karakter kang dilirwakake ing sekolah dadi punjere masalah
krisis moral ing jaman saiki.
“Budaya
lokal iku ora mung diuri-uri, nanging uga kudu disinau. Amarga ngandhut
piwulang luhur sing bisa ditrepake nut kalakone jaman,” pangandikane Sri
Sultan.
Semanten ugi, budayawan Solo,
Suprapto Suryodarmo, Rebo (21/11/2018), ngandharake kabudayan dadi pawitan sing
paling utama kanggo mbangun bangsa lan nagara, mligine generasi mudha.
Kabudayan iku wujude macem-macem, wiwit saka kesenian nganti piwulang luhur bab
tata karma, basa, lan sakpiturute
Perangan teks pawarta mandhuwur kang diwastani deadline, yaiku ...
A.
Solopos.com, SOLO Kemis
B.
SOLO Kemis (22/11/2018)
C.
Solopos.com, Kemis (22/11/2018)
D.
Solopos.com, SOLO Rebo (21/11/2018)
E.
Solopos.com, SOLO Kemis (22/11/2018
3. Prayatan mangisor
trep kaliyan surasane warta ing dhuwur, yaiku...
A. Disiplin
militer wigati sanget tumrap para mudha saengga bisa nuwuhake kharakter
nasionalis
B. Kabudayan
iku wujude maneka warni lan durung mesti nggadhahi piwulang luhur.
C. Babagan
lunturing budi pekerti boten enten gayutane kaliyan pendidikan kharakter.
D. Lunturing
budaya mligine budi pekerti lan tata krama karana krisis moral bangsa Indonesia
E. Budaya
lokal menika cekap diuri-uri kangge piwulang luhur tumrap para mudha.
4. Irah-irahan kang trep kangge warta ing dhuwur, yaiku...
A. Budaya
Tradhisi Bangun Budi Pakarti
B. Pendidikan
Militer Bangun Karakter
C. Pendidikan
Kharakter Tumrap Aparatur Sipil Negara
D. Nguri-uri
Budaya Lokal
E. Kesenian
Wayang Kangge Pendidikan Kharakter
5. Ing ngandhap menika klebet teknik maca pawarta, yaiku...
A. Ekspresi tansah gumujeng
B. Swara tansah banter
C. Pocapane kang trep
D.
Mlebu wetune napas katon lan banter
E. Maca kanthi cepet
6. Krama inggile tembung ngoko iki: nggawa,
menehi, teka, yaiku...
A. ngasta,
maringi, dugi
B. ngasta,
maringi, rawuh
C. ngasta,
nyukani, dugi
D. beta,
nyukani, rawuh
E. beta,
maringi, rawuh
7. Kramane ukara iki: Aku tuku beras
karo gula ning pasar wingi esuk. yaiku...
A.
Kula mundhut beras kalih gula ten
pasar wingi enjing.
B.
Kula mundhut wos kalih gula ten pasar
wingi esuk.
C.
Kula tumbas wos kalih gendhis ten
peken wingi esuk.
D.
Kula tumbas wos kalih gendhis ten
peken wingi enjing.
E.
Kula mundhut wos kalih gendhis ten
peken wingi enjing.
8. Ukara ing ngisor migunakake ngoko alus, yaiku...
A. “Ibu, badhe tindak pundi, kula
nderek nggih”, ature Dik Ririn
B. Pagelaran Ringgit sampun
purna, kula lan kanca-kanca enggal manthuk.
C. Griya kula cerak kaliyan
daleme Pak Joni kinten-kinten namung 100 meter
D. Kula badhe sowan daleme simbah
sakbibaripun manthuk saking sekolah.
E. “Bu arep
tindak ngendi, ngentosi bapak kundur sik wae!”
9. Ukara kang migunakake basa krama alus kang trep, yaiku...
A. Pagelaran Ringgit sampun
purna, kula lan kanca-kanca enggal manthuk.
B. “Bu ajeng tindak ngendi, ngentosi
bapak kondur riyin mawon!”
C. “Ibu, badhe kesah pundi, kula ndherek nggih”, ature Dik Ririn
D. Dalem kula cerak kaliyan daleme Pak
Joni kinten-kinten namung 100 meter
E. Kula badhe
sowan daleme
simbah sakbibaripun kondur saking sekolah.
10. Ing ngisor iki klebu
teknik maca teks pawarta, yaiku...
A.
Ekspresi tansah gumujeng
B.
Pocapane kang trep
C.
Swara tansah banter
D.
Mlebu wetune napas katon lan banter
E.
Maca kanthi cepet
II.
Wangsulana pitakon-pitakon ing
ngisor kanthi premati!
1.
Tulisna pangertene pawarta miturut
Mitchel V. Charnley!
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
2.
Tulisna lan jlentrehna pangertene
5W+1H!
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3.
Tulisna lan jlentrehna
perangan-perangan teks pawarta!
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
4.
Menteri Perdagangan Rahmat Gobel, Selasa (11/8), kandha
nyujanani ana mafia sing njalari regane daging sapi mumbul engga para bakul
mogok dodolan. Kawit minggu kepungkur rega daging ing Jakarta lan sakiwa
tengene ana sadhuwure Rp 100 ewu saben sekilone. Miturut Rahmat ganjang-ganjing
rega mau mung mligi ing Jakarta. Mula dheweke sujana ana sing sengaja mulur
mungkrete pasokan daging sapi menyang Ibu Kota. Kapolri Jendral Badrodin Haiti
uga kandha pulisi wis golek sisik melik prakara kasebut.
Tulisna unsur-unsur 5W+1H ing
sajroning pawarta madhuwur!
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
0 Comments:
Posting Komentar